Assalamualaykum wr wb
Para pinisepuh sesepuh ingkang kula kabekteni, para tamu undangan ingkang kula kurmati, para mudha mudhi desa Tegalkwoso punika ingkang kula tresnani.
lankung rumuyin, sumangga kita sedaya ngunjukaken puja puji pudyastuti ing ngarso dalemipun Gusti ingkang maha Kuoso,
ingkang sampun paring kasarasan, karaharjan, sahenggo wonten enjang meniko kita taksih saged kempal manunggal wonten dalemipun Bapa Joko Susilo
kanthi minulya mboten kekirangan satunggaling punapa.
Wonteng ing mriki kawulo minongko sulih suliranipun Bapa Joko Susila ingkang kagungan dalem sepindah kawulo ngaturaken sugeng Rawuh
dumateng poro tamu-tamu sedoyo, Dene panjenengan sedoyo kerso ngrawuhi undanganipun Bapa Joko Susilo punika.
saha ngaturi uninga bilih wulan punika sampun dumugi wahyahing mangsa tindak haji ing tanah suci, dipun suwun panjenangan sami bapak Bapa Joko Susilo sekalian wonten kaparengipun paring donga pangestu
Sagung para rawuh
Wonten ing agami Islam punika wonten rukun Islam ingkang kedah kita tindakaken, Salah Sawijinipun inggih punika tindak Haji ing siti ingkang suci.
wonten ing alquran menggah dipun sebat wonten ing surat Ali Imran: 97 ingkang artosipun inggih punika ......Nindakkake haji punika kewajibanipun manunsa tdumatheng Allah, inggih punika kagem tiyang ingkang saged tindak dhateng tanah suci....,
Ibadah haji punika ugi gadhah syaratipun salah sawijinipun inggih punika " kiyat" . kiyat wonten iman, raga, lan banda,
syukur dumateng gusti Ing taun punika Bpa Joko susilo anggadhahi stunggaling rejeki supados nglaksani dhawuhipin gusti Medal Haji ing Tanah suci,,
Sagung Para Rawuh
Menawi Bapa joko susilo netepi dhawuhing gusti nilaraken putra kaliyan garwa, ing wedal munika kula menawi sulih suliranipun bapa joko susilo
nyuwun tulung kaliyan tangga tepalih supados njagi keluarga ingkang dipun tilar tindak haji saking marabahaya ngantos bapa joko kondur saking
Mekah al mukaromah,,
para rawuh ingkang minulya,
bapa joko nyuwun donga mugi mugi anggenipun nglampahi ibadah haji punika dipun paringi kalancaran mboten wonten alangan punapa punapa. Kaliyan
mugi mugi sasampunipun dados haji punika saged dados haji ingkang mabrur saged tuladha dhateng kita sedaya khususipun ing desa tegalkwoso punika.
Minongko pungksan atur, mbokblih menawi wonten kuciwaning sangking segi nopo kemawon. Sami ugi sangking segi panggenan, papan pinaraan, pasugatan,
shoho poro sinoman ingkang sami leladen,,
Semonten ugi kula, minangka tetalinging basa mbok bilih wonten galap-gangsuling atur saha kiranging subasita, Kula nyuwun aguning pangaksami
''Waduk Gajahmungkur Wonogiri, wonten klentune atur nyuwun pangaksami
wassalamualaykum wr wb
04.55 |
Langganan:
Posting Komentar (Atom)









0 komentar:
Posting Komentar